Home | Looking for something? Sign In | New here? Sign Up | Log out

Selasa, 09 November 2010

Doa Selamat untuk Warga Jogja

/ On : 19.40/ Terimakasih atas kunjungannya, di BLOG saya yang sederhana ini. Semoga bermanfaat meski tidak sebesar yang Anda harapakan. untuk itu, kritik, saran serta komentar untuk kemajuan blog ini ke depan sangat saya tunggu. Jika Anda ingin berdiskusi atau memiliki pertanyaan seputar artikel di blog ini, silahkan hubungi saya via e-mail.
Ya mugi ngapunten panjenengan ing dosa kulo, mugi njembaraken panjenengan wonten ing griyo kulo, lan mugi paring berkah panjenengan dateng rizki kulo.

Ya mugi paring karidhoan dateng kulo kanti putusan panjenengan, lan mugi paring berkah panjenengan dateng kulo, tumprap barang kang sampun kapesti, ngantos kulo boten pengin ngacoaken barang kang sampun panjenengan unduraken, & mboten ngunduraken barang kang sampun panjenengan laksanaaken.

Ya kulo nyuwun pangreksa saking prihatin lan susah, kulo nyuwun pangerksa saking apes lankesed, & kulo nyuwun pangreksa saking sifat jireh lan medit, & kulo nyuwun pangreksa sakingkathahipun utang-piutang saha saking pamaksanipun para kaum dholim.

Ya kulo nyuwun slametipun agami, nyuwun kuwasanipun jazat, tambahipun pangertos,berkahipun rizki, kulo kapok sakderenge pejah, nyuwun rahmat wekdal pejah lan nyuwunpangapunten sasampunipun pejah.

Duh pangeran kulo. Mugi empun mlengpengaken manah kulo sasampunipun pinaringan pituduh lan mugi paring rohmat dateng kulo, sajektosipun panjenegan punika zat ingkang agung peparingipun

Ya mugi ngapunten panjengan ing sedoyo kalepatan kulo, lan kabodoan kulo, leluwihanipun sedaya perkawis kula, lan mugi ngapunten dateng sedaya perkawis ingkang panjenengan langkung pirsa katimbang kulo, mugi ngapunten dateng sedaya perkawis kulo ingkang kulo senaja. Sedaya punika wonten kulo.

Ya mugi dadosaken panjenengan ing nur wonten ing manah kulo, nur wonten ing kubur kulo,nur wonten ing pamireng kulo, nur wonten ing paningal kulo, nur wonten ing rambut kulo, nurwonten ing kulit kulo, nur wonten ing daging kulo, nur wonten ing ngajeng kulo, nur wonten ingwingking kulo, nur wonten ing tengen kulo, nur wonten ing kiwo kulo, nur wonten ing nginggilkulo, nur wonten ing ngandap kulo, kanthi rahmat panjenengan , duh zat ingkang maha welas

Ya mugi ngreksa panjenengan dateng kulo saking susah, pejah, cilaka lan saking awone
pesten, ugi saking geguyune para mungsuh. Duh pangeran kulo, mugi panjenengan njembaraken dada kulo lan mugi gampilaken panjenengan ing perkawis kulo lan mugi ngudari bundele lisan kulo supados sedaya ingkang mireng sami mangertos dateng pangucap kulo
Ya mugi maringaken ing sedayane kesaenan ingkang sampun dumawah lan dereng, sami ugiingkang kula sumerep tuwin ingkang kulo mboten sumerep, lan kulo nyuwun pangreksa sakingkeawonan ingkang sampun dumawah lan ingkang dereng, sami ugi kula sumerep utawi kulamboten sumerep.

Ya saestunipun kulo punika apes mugi paring kiat panjenengan dateng kulo, lan saestuneipun kula punika ina mugi paring kamulyan panjenengan dateng kulo, saha kulo punika miskin mugiparing cukup panjenengan dateng kulo. Duh dzat ingkang maha welas asih

Ya sayektosipun panjenengan punika pirsa dateng punapa ingkang kulo umpetaken lan
ingkang kulo lahiraken, mugi nampi panjenengan ing pesaben kulo lan panjenengan punika pirsa dateng hajad kulo, mugi maringi panjenengan ing panyuwun kulo, lan malih panjenengan pirso dateng punapa ingkang wonten ing manah kulo, mugi ngapunten panjenengan ing dosa kulo.

Ya sampun dadosaken bingahing mungsuh kulo kranten kesusahan kulo, sampun damel awonipin sanak konco kulo dateng kulo, sampun nyampur ngantos kepentingan donya panjenengan dadosaken pokok kaprihatosan kulo, lan sampun nguwasaaken tiyang mboten gadah kawelasan nguwasani dateng kulo, duh dzat ingkang gesang tur jumeneng wonten ing dzatipun piyambak.

Gusti ingkang nyukupi marang agamaku, gusti ingkang nyukupi donyaku , gusti ingkang nyukupi marang barang kang di prihatinaken aku, gusti ingkang nyukupi ngatasi marang wong wong kang pada pada nganiaya marang aku, ,gusti ingkang nyukupi brantas wong wong kang pada gawe ala marang aku, ugo ora ana reka daya lan kekuatan kang maedahi kejaba mung saking pitulungane gusti

0 komentar:

Posting Komentar

Populer

Pengikut